buatlah cerita pendek tentang kegiatan dirumah dalam bahasa jawa
B. Daerah
michelle227
Pertanyaan
buatlah cerita pendek tentang kegiatan dirumah dalam bahasa jawa
2 Jawaban
-
1. Jawaban renamon
tangi turu aku adhos terus ngewangi wong tuwo resik-resik omah. bar resik-resik aku dolanan karo nonton tv. wayah awan aku mangan trus turu. -
2. Jawaban Ritangeline
Cerita Pendek Bahasa Jawa:
Kucing Sing Pinter Ngalembana Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kangmendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman."Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi oraana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek."Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening sosok kang pasuryane mranani ati.
Lebih kurang jawaban nya seperti itu☺